Langsung ke konten utama

Kabecikan Ing Dalem Wulan Muharram

 


Oleh:  Misbakhul Arifin, S.Ud

 

اَلْحَمْدُ ِللهِ اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِي فَضَّلَ اْلأَشْهُرَ الْحُرُمَ عَلَى سَائِرِ الشُّهُوْرِ* أَشْهَدُ أَنْ لآ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لآ شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تَكُوْنُ نَجَاةً لَنَا عِنْدَ الْمَلِكِ الْغَفُوْرِ* وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمْدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ لِيُخْرِجَ النَّاسَ مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّوْرِ* أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ مِصْبَاحٍ الصُّدُوْرِ* وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ يُنْفَخُ فِي الصُّوْرِ* أَمَّا بَعْدُ *فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْـوَى اللهِ الْعَزِيْزِ الْغَفُوْرِ* بِالْعِبَادَاتِ وَالذِّكْرِ وَالدُّعَاءِ وَالصِّيَامِ تُجْزَوْنَ بِفَضْلِهاَ الْجَزَاءَ اْلمَوْفُوْرَ* فَتَفُوْزُوْا عِنْدَ الرَّحْمَنِ بِتِجَارَةٍ لَنْ تَبُوْرَ*

Hadirin Sidang Juma’t Rokhimakumulloh.

Mangga kita tansah samiya ningkataken iman lan taqwa kita dumateng Allah SWT, kanti taqwa ingkang sak estu, sarana tansah nindakaken sedaya dawuh lan perintahipun, saha nilar ingkang dados awisan ipun, supados kita tansah pinaringan rahmat lan kanugrahan saking Allah SWT.

Sak lajeng ipun kita sampon manggihi dateng pergantian tahun ingkang nembe dipun lampahi, Bilih pergantian tahun miturot agami kita punika mboten ngrupekaken perkawis ingkang luar biasa, lan ugi mboten mengku perkawis ingkang sifat ipon mistik, ugi mboten minangka isyarat lan kejadian ingkang saget dipon ramal-ramal. Peristiwa pergantian tahun estu minangka peristiwa alami ingkang sampun lazim mesti dumados, jalaran lumampahing wekdal ingkang sampun dumugi wancinipun. Ingkang sak estu nipun kalebet saking bukti utowo tanda tanda kekuasaan ipun Allah Ta’ala. 

Kaprahipun wonten ing swasana pergantian tahun  punika, kita nembe sami enget dateng umur ingkang sampun dipun liwati. Inggih jalaran keribetan, kesibukan, lan problem gesang ingkang gilir gumantos mboten wonten rampung ipun, sahingga ampun ngantos ngelalek aken dateng Pangeranipun, ingkang sampun maringaken sedanten kanikmatan lan kanugrahan.

 

Hadirin Sidang Juma’t Rokhimakumulloh.

Wulan Muharram dados wulan ingkang istimewa kagem sebagian masyarakat Islam ing wilayah Nusantara, minangka wulan pertama ing tahun Hijriyah, Muharram dados kesempatan muhasabah (introspeksi). Saking sedaya amal ingkang sampun kalampahan kagem pedoman langkah ing masa depan. Muharram dados teras griya ingkang isinipun wulan-wulan sanes, mila Muharram dipun pitadosi saged mantul aken suasana ibadah sakjroning satunggal tahun, ibarat ipun serambi ingkang sae biasa nipun nggadhahi griya ingkang mewah. Mekaten ugi wulan Muharram, amal shaleh wonten ing wulan punika saged paring gambaran sewelas wulan lajeng ipun. Mila punika Muharram nggadhahi kedudukan ingkang istimewa menawi dipon banding aken wulan sanes ipun, wajar bilih umat Muslim sami semangat nglampahi kabecikan ugi sedekah wonten ing wulan punika.

 

Hadirin Sidang Juma’t Rokhimakumulloh.

Wulan Muharram ugi nggadhahi keistimewaan, dipun tingali saking sejarah bilih wonten wulan Muharram punika, Rasulullah SAW nindak aken hijrah saking Makkah dumateng Madinah kagem tujuan kemajuan dakwah Islam. Wulan punika inggih wulan nalika Rasulullah SAW manggihi kunci kesuksesan dakwah Islam nun inggih hijrah, ingkang artos ipun boten sak derma pados panggenan ingkang sae kagem dakwah utawi ngirangi resiko marabaya ugi madosi ruang ing kang aman, boten mekaten amargi Rasulullah SAW boten nate ajrih dumateng ancaman tiyang-tiyang kafir Makkah, nanging hijrah nggadhahi artos sanes nggih punika pindah, ngrubah ugi nginggilaken semangat wonten panggenan ingkang langkung inggil. Dipun tingali saking sisi psikologis, suasana ingkang enggal, rencang-rencang enggal ugi tantangan enggal badhe dadosaken semangat langkung dinamis.Rasulullah SAW paring sabda :


عَنْ أَمِيْرِ الْمُؤْمِنِيْنَ أَبِيْ حَفْصٍ عُمَرَ بْنِ الْخَطَّابِ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ قَالَ : سَمِعْتُ رَسُوْلَ اللهِ صلى الله عليه وسلم يَقُوْلُ : إِنَّمَا اْلأَعْمَالُ بِالنِّيَّاتِ وَإِنَّمَا لِكُلِّ امْرِئٍ مَا نَوَى . فَمَنْ كان هِجْرَتُهُ إِلَى اللهِ وَرَسُوْلِهِ فَهِجْرَتُهُ إِلَى اللهِ وَرَسُوْلِهِ، وَمَن كان هِجْرَتُهُ لِدُنْيَا يُصِيْبُهَا أَوْ امْرَأَةٍ يَنْكِحُهَا فَهِجْرَتُهُ إِلَى مَا هَاجَرَ إِلَيْهِ .

Saking Amirul Mukminin, Abi Hafs Umar bin Khathab radhiyallahu’anhu, ngendika, “Aku krungu Rasulullah paring sabda :”Sak temene tiap-tiap tumindak (amal) tergantung niate, lan saktemene saben-saben wong (bakal dibales) kaya kang diniatake. Sapa wonge hijrah kerana (karep oleh ridha) Allah lan Rasul, mangka hijrahe marang (ridha) Allah lan Rasul. Lan sapa wonge hijrah kerana donya kang dijaluk utawa kerana wanita kang arep dinikahi mangka hijrahe (bakal pada karo) apa kang diniatake.”

 

Hadirin Sidang Juma’t Rokhimakumulloh.

 

Saking asbabul wurud dipun crios aken bilih satunggaling sahabat ingkang nindak aken hijrah saking Makkah tumuju Madinah kanthi niatan nikahi salah satunggaling wanita ingkang asma Ummu Qais. Amargi niat punika, sahabat punika boten angsal kautamaan hijrah, ugi sahabat punika angsal julukan Hijratu Ummu Qais. Perkawis punika paring keterangan bilih niat sanget penting, niat boten namung dados motivasi, kerana sakjroning niat punika Allah nitip aken ganjaran ingkang saged kagayuh bilih tindakan amal sampun dipun tindak aken.Punika ingkang saged bedak aken wulan Muharram tinimbang wulan sanes ipun, Muharram dados beda amargi sakjroning wulan punika wonten kedadosan ingkang bersejarah kagem agama Islam inggih punika hijrah ipun Rasulullah SAW.

 

Hadirin Sidang Juma’t Rokhimakumulloh.

 

Muharram ugi ngadhahi keistimewaan ingkang ketingal saking wonten ipun dinten angka sepuluh wonten wulan punika ingkang nggadhahi kathah sanget seratan sejarah Islam, dinten kadasa punika asring dipun sebat kanthi asma “Asyura” utawi “Sura”. Keranten wonten dinten Asyura punika  Allah SWT milai nyiptak aken alam donya, lan wonten dinten ingkang sami ugi alam donya punika bakalan manggihi akhir ipun (qiyamat). Wonten ing dinten Asyura punika ugi Allah Ta’ala nyiptak aken Lauhul Mahfudz, nurun aken udan ingkang pertama. Lan wonten dinten Asyura punika Allah ngangkat Nabiyullah Isa ‘Alaihis Salam minggah dumugi langit. Lan wonten dinten Asyura Nabi Nuh ‘Alaihis Salam mandhap saking kapal sak sampun ipun berlayar kerana banjir bandang, taksih wonten kathah sejarah ingkang kedadosan ipun wonten ing wulan punika. Mila manga wonten ing wulan ingkang kathah sejarah ipun punika kita ugi saged mundhut hikmah ugi pelajaran sahingga saged dipun dadosaken motivasi kagem kita tansah ningkat aken iman Islam kita, kanthi nglampahi sedaya perintah-perintah ipun ugi nebihi sedaya awisan ipun lan mugiya saged ningkat aken taqwa kita, Amin.


َعُوْذُ باِلله مِنَ الشَّيْطاَنِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ الله الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ. يآ اَيُّهاَ الَّذِيْنَ آمَنُوْا لاَ تُلْهِكُمْ أَمْوَالُكُمْ وَلاَ أَوْلاَدُكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللهِ, وَمَنْ يَفْعَلْ ذلِكَ فَأُولئِكَ هُمُ اْلخاَسِرُوْنَ. وَأَنْفِقُوْا مِمَّا رَزَقْناَكُمْ مِنْ قَبْلِ أَنْ يَأْتَِى أَحَدَكُمُ اْلمَوْتُ فَيَقُوْلُ رَبِّ لَوْلاَ أَخَّرْتَنِى إِلَى أَجَلٍ قَرِيْبٍ, فَأَصَّدَّقَ وَأَكُنْ مِنَ الصَّالِحِيْنَ, وَلَنْ يُأَخِّرُ اللهَ نَفْساً إِذاَ جاَءَ أَجَلُهاَ وَاللهُ خَبِيْرٌ بِمَا تَعْمَلُوْنَ . باَرَكَ اللهُ ليِ وَلَكُمْ فيِ ْالقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ - وَنَفَعَنيِ وَإِياَّكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذِّكْرِ اْلحَكِيْمِ - وَتَقَبَّلَ مِنيِّ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْم – أَقُوْلُ قَوْليِ هَذَا وَاسْتَغْفُرُ اللهَ اْلعَظِيْم ليِ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَات وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَات فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ.

 

*) Penulis adalah Guru Bahasa Arab di SMA Islam Sunan Gunung Jati Pondok Ngunut



Komentar

Postingan populer dari blog ini

Literasi Media Di Era Revolusi Informasi

  Oleh : Febrita Ardianingsih, S.IIP Perkembangan teknologi informasi di era revolusi informasi makin memasyarakat dan keberadaan internet menjadi begitu populer. Tak pelak, era revolusi informasi yang benar-benar masif, telah menyentuh kelompok dan lapisan sosial masyarakat manapun tanpa bisa dicegah. Saat ini, boleh dibilang bahkan tidak akan ada satupun dari institusi, orang, atau   pemerintahan yang tidak terkena dan tidak menanggung dampak dari perkembangan teknologi informasi. Dalam kehidupan sehari-hari, kehadiran konvergensi media bukan saja memperkaya informasi yang disajikan, melainkan juga memberi pilihan yang makin terbuka kepada khalayak untuk memilih informasi. Berbagai media massa dan teknologi informasi tergabung dalam satu paket perangkat gadget yang memudahkan pemiliknya berinteraksi dan mengakses berbagai informasi. Perkembangan media massa yang makin mengekspos informasi luar biasa beragam ke publik, telah membuka wawasan masyarakat dari informasi yang...

Sebelum Keluar Rumah

  (Sajak Nasehat Romo K.H M. Ali Shoddiq Umman) Oleh :  Muhammad Muhsin (Alumni 2013, Santri asal Salatiga)  * Mereka yang mengenakan keasingan adalah kekasih. Seperti lampu remang malam kota yang merindukan bayangan punggung merayap menggigil sebab kesendirian, mempertemukan sepi dan sendiri. Seperti rumah-rumah yang lebih gelap dari mimpi pemiliknya sebab kata-kata di atas meja makan tandas sebelum makan malam tuntas. Seperti bulan yang ditempeli banyak puisi. Tak pernah ada cuaca yang pasti di sini. * Segala yang tak ingin aku lihat hidup sebagai   nyalang binatang. Mesin ketik nenek terus melahirkan nasehat sepanjang tunggu. Hati-hati dengan binatang yang tak pernah tidur di sudut paling pekat hutan dada manusia. Sebab di sana aku akan mati dan tak pernah meninggalkan apa-apa kecuali undangan air mata dari seorang yang mati tersesat atas kecerobohan. Di luar rumah ini kecurigaan tumbuh meranggas dan ganas. * Ada kebencian...

Al-Qur’an dan Membaca

Oleh : Zamahsari Abdul Azis, S.Pd.I, M.Si. Nama Al-Qur'an yang secara harfiah berarti bacaan sempurna. Al-Qur’an merupakan pilihan Allah SWT yang sungguh tepat, karena tiada satu bacaan pun sejak manusia mengenal budaya tulis-baca, kurang lebih lima ribu tahun yang lalu, yang dapat menandingi Al -Qur'anul karim. Tiada bacaan semacam Al-Qur'an yang dibaca oleh ratusan juta orang, yang bahkan  tidak mengerti artinya dan tidak bisa menulis dengan aksaranya. Bahkan Al-Qur'an di hafal huruf demi huruf oleh orang dewasa, remaja,serta anak-anak. Tiada bacaan seperti Al-Qur'an yang dipelajari bukan hanya susunan redaksi dan pemilihan kosakatanya tetapi juga kandungan yang tersurat, kandungan yang tersirat bahkan sampai kepada kesan yang ditimbulkannya. Semua dituangkan dalam jutaan jilid buku, dari generasi ke generasi. Tiada bacaan sebanyak kosakata Al-Qur'an yang berjumlah 77.439 {tujuh puluh tuju ribu empat ratus tiga puluh sembilan} kata, dengan jum...