Oleh: Moh. Ghufron, S.Pd.I Nalikane Tresnane Nabi Ya'qub ning Yusuf ngluwihi anak-anak e liyane, ndadeake anak-anake liyane, yo sedulur-sedulure Yusuf dewe, Yahuda sakdulure.. Ngroso serik atine. Yahuda lan dulur-dulure nuli nggawe rekodoyo, piye carane nyingkrihake Yusuf. Nuli nemu coro, "mengko sore pamit ng Bapak, ngajak Yusuf dolan ning alas, yen wis tekan pinggir alas, sing ono sumure, Yusuf dijegurke ning sumur wae". Nuli sore kui Yahuda pamit ning Nabi Ya'qub ngajak dolan adhine yo si Yusuf. Kanthi ati abot si Bapak ngeculke anak sing ditresnani kui dolan karo mas-mas e. Temenan. Naliko wis marem ngajak dolanan Yusuf, lan wektu wis surup, nuli rencana jahat sing wes kasusun enggal dilaksanakan. Yusuf digujer, klambine dicopot dijegurake ning sumur. Nuli golek kewan cilik, dipateni, getihe kewan mau dioser2ake ning klambine Yusuf. Pas waktu isya Yahuda sakdulure tekan omah karo nangis... Matur ning Bapake, "Dhuh Bapak.. Ngapunten ingkang katha...
Media Publikasi Literasi SMA Islam Sunan Gunung Jati Pondok Ngunut - Tulungagung - Jawa Timur.